Minggu, 27 Juli 2008

JAKA LOLA - P7

Bawa Asmarandana :

Wus mèh wanci lingsir wengi ,
Si Jaka Lola tan néndra,
Gumlundhung ijen nèng ngambèn ,
Banget nggonira nelangsa,
Kaya dèn pinilala ,
Wong tininggal bapa biyung,
Susah dadi Jaka Lola

Langgam:


Wus mèh wanci lingsir wengi ,
Si Jaka Lola tan bisa néndra,
Gumlundhung ijèn nèng ngambèn ,
Nandang susah kang tanpa upáma - kang tanpa upama

Banget nggonira nalangsa ,
Wong tininggal bapa lawan réna ,
Puluh-puluh wus bejané ,
Saéngga kaya dèn pinilala, kaya dèn pinilala

Reffrain :

Datan kendhat nggènira kuciwa ,
Ngungun lelakonira, hing lelakonira ,
Tansah ngupaya sapandulu marganing laya

Ora sanak ora kadang ,
mitra waé ya apilih janma ,
Kapan baya tinarima
nggènnya brata bisa paripurna.
Sing tegen Ian temen.

ESEMMU - P6

Suwé ora ketemu cah ayu , Gawé gandrunging atiku ,
Tak suwun rinten Ian dalu , Pamujiku manggiha rahayu,

La piyé genah-genahé ya géné , Tak antu-antu kabaré,
Ora esuk ora soré , Mung kèlingan sak solah bawané

Reffrain :

Nadyan mung krungu suwarané ,
Apa manèh yen nyawang èsemé ,
Bebasan segara madu ,
Kalah manis sing manis pancèn èsemu.

Iba bungahing ati cah manis , Antuk nugrahaning gusti,
Nora mung jroning impènku, Bisa nyandhing sliramu cah ayu.

DADI ATI - P7

Bawa Megatruh P7:

Tahunana windonana nganti pikun ,
Mangsa ndadak bisa lali,
Mārāng ndika ingkang tuhu ,
Rina wengi dadi ati ,
Prasaja tur bisa momong ,

Langgam:

Goleka sing kaya ngapa,
wong nyātāné kelakon sepréné,
Angger-āngger gendra,
wekāsāné nālāh mbāngun tresna

Dudu bandha dudu rupa,
mung atiné dadi tetaliné,
Guyub rukun kadya
pepindhané mimi ānintuna

Reffrain :

Wis jāmāk lumāhé yèn wong urip
Coba lān godhāné gedhé
suprāndéné orā ngānti ndādāk dādi gāwé.

Rina wengi dādi āti,
wong prāsaja luhur bebudènné
Dhāsār thik gemāti
momong putra ālus bebudèné

CAPING GUNUNG - S9

Bawa Pangkur:

Saben bengi nyawang konang,
(E timbang ngrungokne wong padu)
Yèn memajang mung karo janur kuning,
(E tak kudange anakku)
Kembang waé weton nggunung ,
Pacitan sarwi jenang,
(endhek lemu dhuwur lemu ,
wong sak omah lemu kabeh)
,
Panas udan aling-aling caping nggunung,
(Misoa caping nggunung),
Nadyan wadon sarta lanang ,
Inumané banyu bening.

Tembang :

Dhèk jaman berjuang - njur kelingan anak lanang,
biyèn tak openi ning saiki ana ngendi,
jaréné wis menang - keturutan sing digadhang,
biyen nate janji ning saiki apa lali,

Reffrain :

Neng nggunung tak cadhongisega jagung,
yen mendhung tak silihi caping nggunung,

sukur bisa nyawang nggunung desa dadi reja,
déné ora ilang nggone padha lara lapa.

Rabu, 23 Juli 2008

Ali-Ali S9

Bawa Dhandhanggula

Jenang gula glali aja lali , Ali -ali niki sulih kula ,
Aja dianggep sepélé , Kula mbotena melu,
Amung ati tansah nggondhèli , Yèn dadi lara gela,
Sedhih rinten dalu , Kétok kétoken kéwala,
Nganti-anti mbésük ápa bákalbäli , Yèn bali beja kula.

Langgam:

Ngagema ali-aluku pamrihe,
aja lali marang aku ,
Nadyan kula mboten melu mbésuké ,
Ngélingana lelabetku

Lamun embané selaka émané,
Amung tansah gawé cuwa ,
Iki embané kencana pamrihé ,
Tansah manggiha raharja.

Reffrain :

Yèn nganti ilang mripate,
jarene nemahi rubeda ,
Yèn nganti dinggo wong seje mbesuke ,
Wis mangsa bodhowa

Pilihanku mripat biru pamrihe ,
Mrih sulistya ingkang warni ,
Yèn takon isi atiku ,
mbésuké mriksana ali-ali.

Nyidham Sari P6

Bawa : Dhandhanggula

Dhuh wong ayu pepujaning ati ,
Kaya ngene wong nandhang asmara ,
Apa ta awakku dhewe ,
Dhuh dewa jawata gung ,
Welasa mring awak mami ,
Besuk kapan katekan jejer lan wong ayu ,
Umpamakna nakhoda ,
tanpa prahu sasadhara den pepetri ,
Ngidham sari asmara.

Langgam :

Umpama sliramu sekar melati ,
Aku kumbang Ngidham sari ,
Umpama sliramu margi, wong manis ,
Aku sing bakal ngliwati

Sineksen lintange luku, semana ,
Janji prasetyaning ati ,
Tansah kumanthil ing netra, rinasa
Karasa rasaning driya

Reffrain:

Midera sak jagad raya,
kalingana wukir lan samodra ,
nora ilang memanise, adhuh,
dadi ati selawase.

Nalikanira ing wengi atiku
lamlamen sira wong ayu
Nganti mati ora bakal lali,
lha kae lintang luku.
*

Aja Lamis - P6

Bawa Sinom:
Yèn kowe seneng lelewa, Adhakane seneng lamis
Becik aluwung prasaja, Mung welingku aja lamis
Yèn kowe seneng lamis, Gampang kena ing bebendu
Tumraping sesrawungan, Mbok aja sok dhemen lamis
Seneng lamis padha karo dhemen cidra.


Lagu :



Aja sok gampang janji wong manis -
yen ta amung lamis

Becik aluwung prasaja nimas -
ora agawé gela

Tansah ngugemi tresnamu wingi -
jebul amung lamis

Kaya ngenteni thukuling jamur -
ing mangsa ketiga



Reffrain :

Aku iki prasasat lara tan antuk jampi
Mbok aja amung lamis
kang uwis dadine banjur dhidhis


Akeh tuladha kang dhemen cidra -
uripe rekasa

Milih sawiji endi kang suci -
tanggung bisa mukti

Yen Ing Tawang

Bawa Sinom:

Yèn ing tawang ana lintang , Cah ayu aku ngentèni,
Marang méga ing akasa , Sun takon wartane reki,
Janji-janji ku éling, Sumedhot rasèng tyas ingsun,
Nimas ingsun marsapa , Sineksenan bumi langit,
Tangising tyas ngentèni padhang rembulan.

Langgam:

Yèn ing tawang ana lintang , Cah ayu, akungenteni tekamu,
Marang mega ing akasa nimas , sun takokné pawartamu

Janji-janji ku éling cah ayu , Sumedhot rasaning ati
Lintang-lintang ngiwi-iwi nimas , Tresnaku sundhul wiyati.


Reffrain :

Dhek semana janjiku disekseni ,
Mega kartika kairing rasa tresna asih


Yèn ing tawang ana lintang, cah ayu ,
Rungokna tangising ati ,

Binarung swaraning ratri nimas ,
Ngenteni mbulan ndhadhari.