Rabu, 15 April 2009

Lintang Panjer Sore

Setahun nggonku ngentèni
Sumunaré lintang panjer soré
Tak anti tekan sapréné,
Nyatané slirané ra ana wartané

Apa pancèn ora kélingan
Marang sumpah janjimu dhèk biyèn
Sineksèn lintang rembulan
Jaréné tresnané nganti akhir zaman

Reff:
Dhuh kusuma
gantilaning jiwa lan ragaku
Aja sira aja amung gawé
kekesing atiku

Sapa ta sing nora bingung
Yèn lintangé kasaputing mendung
Semuné angawé-awé lha kaé
Lha kaé, lha kaé mlaku mréné.

Minggu, 27 Juli 2008

JAKA LOLA - P7

Bawa Asmarandana :

Wus mèh wanci lingsir wengi ,
Si Jaka Lola tan néndra,
Gumlundhung ijen nèng ngambèn ,
Banget nggonira nelangsa,
Kaya dèn pinilala ,
Wong tininggal bapa biyung,
Susah dadi Jaka Lola

Langgam:


Wus mèh wanci lingsir wengi ,
Si Jaka Lola tan bisa néndra,
Gumlundhung ijèn nèng ngambèn ,
Nandang susah kang tanpa upáma - kang tanpa upama

Banget nggonira nalangsa ,
Wong tininggal bapa lawan réna ,
Puluh-puluh wus bejané ,
Saéngga kaya dèn pinilala, kaya dèn pinilala

Reffrain :

Datan kendhat nggènira kuciwa ,
Ngungun lelakonira, hing lelakonira ,
Tansah ngupaya sapandulu marganing laya

Ora sanak ora kadang ,
mitra waé ya apilih janma ,
Kapan baya tinarima
nggènnya brata bisa paripurna.
Sing tegen Ian temen.

ESEMMU - P6

Suwé ora ketemu cah ayu , Gawé gandrunging atiku ,
Tak suwun rinten Ian dalu , Pamujiku manggiha rahayu,

La piyé genah-genahé ya géné , Tak antu-antu kabaré,
Ora esuk ora soré , Mung kèlingan sak solah bawané

Reffrain :

Nadyan mung krungu suwarané ,
Apa manèh yen nyawang èsemé ,
Bebasan segara madu ,
Kalah manis sing manis pancèn èsemu.

Iba bungahing ati cah manis , Antuk nugrahaning gusti,
Nora mung jroning impènku, Bisa nyandhing sliramu cah ayu.

DADI ATI - P7

Bawa Megatruh P7:

Tahunana windonana nganti pikun ,
Mangsa ndadak bisa lali,
Mārāng ndika ingkang tuhu ,
Rina wengi dadi ati ,
Prasaja tur bisa momong ,

Langgam:

Goleka sing kaya ngapa,
wong nyātāné kelakon sepréné,
Angger-āngger gendra,
wekāsāné nālāh mbāngun tresna

Dudu bandha dudu rupa,
mung atiné dadi tetaliné,
Guyub rukun kadya
pepindhané mimi ānintuna

Reffrain :

Wis jāmāk lumāhé yèn wong urip
Coba lān godhāné gedhé
suprāndéné orā ngānti ndādāk dādi gāwé.

Rina wengi dādi āti,
wong prāsaja luhur bebudènné
Dhāsār thik gemāti
momong putra ālus bebudèné