Rabu, 23 Juli 2008

Aja Lamis - P6

Bawa Sinom:
Yèn kowe seneng lelewa, Adhakane seneng lamis
Becik aluwung prasaja, Mung welingku aja lamis
Yèn kowe seneng lamis, Gampang kena ing bebendu
Tumraping sesrawungan, Mbok aja sok dhemen lamis
Seneng lamis padha karo dhemen cidra.


Lagu :



Aja sok gampang janji wong manis -
yen ta amung lamis

Becik aluwung prasaja nimas -
ora agawé gela

Tansah ngugemi tresnamu wingi -
jebul amung lamis

Kaya ngenteni thukuling jamur -
ing mangsa ketiga



Reffrain :

Aku iki prasasat lara tan antuk jampi
Mbok aja amung lamis
kang uwis dadine banjur dhidhis


Akeh tuladha kang dhemen cidra -
uripe rekasa

Milih sawiji endi kang suci -
tanggung bisa mukti

Tidak ada komentar: