Rabu, 23 Juli 2008

Nyidham Sari P6

Bawa : Dhandhanggula

Dhuh wong ayu pepujaning ati ,
Kaya ngene wong nandhang asmara ,
Apa ta awakku dhewe ,
Dhuh dewa jawata gung ,
Welasa mring awak mami ,
Besuk kapan katekan jejer lan wong ayu ,
Umpamakna nakhoda ,
tanpa prahu sasadhara den pepetri ,
Ngidham sari asmara.

Langgam :

Umpama sliramu sekar melati ,
Aku kumbang Ngidham sari ,
Umpama sliramu margi, wong manis ,
Aku sing bakal ngliwati

Sineksen lintange luku, semana ,
Janji prasetyaning ati ,
Tansah kumanthil ing netra, rinasa
Karasa rasaning driya

Reffrain:

Midera sak jagad raya,
kalingana wukir lan samodra ,
nora ilang memanise, adhuh,
dadi ati selawase.

Nalikanira ing wengi atiku
lamlamen sira wong ayu
Nganti mati ora bakal lali,
lha kae lintang luku.
*

Tidak ada komentar: