Rabu, 23 Juli 2008

Yen Ing Tawang

Bawa Sinom:

Yèn ing tawang ana lintang , Cah ayu aku ngentèni,
Marang méga ing akasa , Sun takon wartane reki,
Janji-janji ku éling, Sumedhot rasèng tyas ingsun,
Nimas ingsun marsapa , Sineksenan bumi langit,
Tangising tyas ngentèni padhang rembulan.

Langgam:

Yèn ing tawang ana lintang , Cah ayu, akungenteni tekamu,
Marang mega ing akasa nimas , sun takokné pawartamu

Janji-janji ku éling cah ayu , Sumedhot rasaning ati
Lintang-lintang ngiwi-iwi nimas , Tresnaku sundhul wiyati.


Reffrain :

Dhek semana janjiku disekseni ,
Mega kartika kairing rasa tresna asih


Yèn ing tawang ana lintang, cah ayu ,
Rungokna tangising ati ,

Binarung swaraning ratri nimas ,
Ngenteni mbulan ndhadhari.

Tidak ada komentar: