Minggu, 27 Juli 2008

JAKA LOLA - P7

Bawa Asmarandana :

Wus mèh wanci lingsir wengi ,
Si Jaka Lola tan néndra,
Gumlundhung ijen nèng ngambèn ,
Banget nggonira nelangsa,
Kaya dèn pinilala ,
Wong tininggal bapa biyung,
Susah dadi Jaka Lola

Langgam:


Wus mèh wanci lingsir wengi ,
Si Jaka Lola tan bisa néndra,
Gumlundhung ijèn nèng ngambèn ,
Nandang susah kang tanpa upáma - kang tanpa upama

Banget nggonira nalangsa ,
Wong tininggal bapa lawan réna ,
Puluh-puluh wus bejané ,
Saéngga kaya dèn pinilala, kaya dèn pinilala

Reffrain :

Datan kendhat nggènira kuciwa ,
Ngungun lelakonira, hing lelakonira ,
Tansah ngupaya sapandulu marganing laya

Ora sanak ora kadang ,
mitra waé ya apilih janma ,
Kapan baya tinarima
nggènnya brata bisa paripurna.
Sing tegen Ian temen.

Tidak ada komentar: