Rabu, 23 Juli 2008

Ali-Ali S9

Bawa Dhandhanggula

Jenang gula glali aja lali , Ali -ali niki sulih kula ,
Aja dianggep sepélé , Kula mbotena melu,
Amung ati tansah nggondhèli , Yèn dadi lara gela,
Sedhih rinten dalu , Kétok kétoken kéwala,
Nganti-anti mbésük ápa bákalbäli , Yèn bali beja kula.

Langgam:

Ngagema ali-aluku pamrihe,
aja lali marang aku ,
Nadyan kula mboten melu mbésuké ,
Ngélingana lelabetku

Lamun embané selaka émané,
Amung tansah gawé cuwa ,
Iki embané kencana pamrihé ,
Tansah manggiha raharja.

Reffrain :

Yèn nganti ilang mripate,
jarene nemahi rubeda ,
Yèn nganti dinggo wong seje mbesuke ,
Wis mangsa bodhowa

Pilihanku mripat biru pamrihe ,
Mrih sulistya ingkang warni ,
Yèn takon isi atiku ,
mbésuké mriksana ali-ali.

Tidak ada komentar: