Rabu, 15 April 2009

Lintang Panjer Sore

Setahun nggonku ngentèni
Sumunaré lintang panjer soré
Tak anti tekan sapréné,
Nyatané slirané ra ana wartané

Apa pancèn ora kélingan
Marang sumpah janjimu dhèk biyèn
Sineksèn lintang rembulan
Jaréné tresnané nganti akhir zaman

Reff:
Dhuh kusuma
gantilaning jiwa lan ragaku
Aja sira aja amung gawé
kekesing atiku

Sapa ta sing nora bingung
Yèn lintangé kasaputing mendung
Semuné angawé-awé lha kaé
Lha kaé, lha kaé mlaku mréné.